PRAMUKA

Jan,wis suwe banget kayane kie blog ora di urek-urek apa ya?mau tek bukak ngasi ana ramat pada cemanthel,malahan ana glandangan sing lagi pada turu neng dashboard


Mau bali kuliah ramane sms,jere adiku sing SD arep pramukaan tgl 29 ngesuk,kayane sih LT II.Gara-gara sms kuwe dadi kemutan mbiyen jaman pelantikan bantara,pelantikan DA,lah pokoke jaman semono kuwe rasane susah banget,salah setitik push up,kademen push up,apa-apa push up.

Tapi siki mbarang wes kelewat masa masa kuwe,jen ngangeni (tapi nek kon nglakoni maning ya bebeh).Sing jelas sekang proses sing rekasa kuwe bener-bener krasa apa sing jenenge kebersamaan,toleransi,dan sing paling krasa kue mambu kringet karo entute bocah2 nek lagi kumpul neng tenda,haha.

Aku ora ngerti kenapa mbiyen gelem melu pramuka,nyatane pancen neng sekolahku mbiyen bocah-bocah sing melu pramuka kuwe kur setitik tok,apa maning sing gelem dadi Dewan Ambalan,wis setitik nganggo banget pokoke,bahkan akeh sing ngarani deweke kue bocah GAP (Gerakan Anti Pramuka).

Akhir-akhir kiye mandan nyesel sih melu pramuka,nyesele kuwe kenapa mbiyen ora total goli melu pramuka,padahal nek dirasa-rasa melu pramuka kuwe jan akeh banget gunane,sing paling krasa ya membangun mental,disiplin, dan ora isinan (rai tembok)!Kemutan jaman SMP,pas arep melu jelajah galang,latiane ora kur tekhnik tapi juga mental,ya kue kon nyanyi neng terminal,terus mlebu keliling neng njero pasar wangon karo nyanyi+joget joget,pokoke wis ngalahna shinta jojo.Aku bisa ngomong neng ngarepe wong akeh ya kayane gara-gara pramuka,soale aku ngalami dewek,kanca kancaku sing ora melu organisasi kon ngomong neng ngarep forum malah ngasi kringet dingin,bar kuwe ora sida ngomong.
Dasadharma pun tekan seprene aku masih hafal,terutama sing ke-sepuluh sebabe kuwe sing paling sering di langgar.
Ikhlas bhakti bina bangsa,berbudi bawa laksana.Maju terus pramuka Indonesia!!!!!!!!!!!
Next PostNewer Post Previous PostOlder Post Home

2 comments:

  1. aja leren pramukane dab....sing semangat... :D

    ReplyDelete
  2. kunjungan gan .,.
    bagi" motivasi .,.
    jangan pernah mengeluh dengan apapun .,.
    tetaplah semangat dan nikmati semua.,.
    di tunggu kunjungan balik.na gan.,.

    ReplyDelete