Ora ngapak Dupak

Gawe puisi bae anu ora teyeng crita,
sing penting melu ngramekna,
kaya kuwe mbok ??
^^b



Ora Ngapak


Ora ngapak Dupak!
Kenangapa ndadak isin?
Lha kiye mbok basa mu?
Dupak sisan!



Ora ngapak Keplak!
Kenangapa ndadak umpetan?
Lha kiye mbok panggon lairmu?
Keplak sisan !

Ora ngapak Klethak
Kenangapa ndadak "gue,elo"
ngomong "Inyong,Enyong,Nyong" mbok malah kepenak?
Klethak sisan !

Ora ngapak Buthak!
Apa anu wis makmur?
Dadi isin karo basa pedinan?
Wes wegah mangan mendhowan?
Buthaki sisan!

Lah,,,
Kayane omonganku koh ya langka sing di gubris,
Ngeneh,ben genah,tek tulis bae sisan neng bathukmu sing cunong
Inyong bocah Ngapak!
Next PostNewer Post Home

14 comments:

  1. gola gokin lah..... inyong ngapak !

    ReplyDelete
  2. ya brarti ora mawi tek tulisi neng bathuk mbok lik?
    ^^

    ReplyDelete
  3. Keh keh keh . . . hidup ngapak!!

    http://www.purbalingga.co.cc/

    ReplyDelete
  4. Wah...
    lik soesilo...
    suwun kuwe link'e
    cocog banget nggo nyong sing lagi sinau nge blog ^^

    ReplyDelete
  5. konyol nang......... hahaha

    ReplyDelete
  6. @ mamake : konyol njaran apa?
    hehehehehehe

    ReplyDelete
  7. rasusah digubris. keplaki baen...

    ReplyDelete
  8. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  9. galak temen sih rika ya... :)

    nek ngapak wis di patena nang negara lia mbene. wong ngapak pada iri kayane.
    yawis pada ngapak yuh men ora di jaluk tanggane dewek (malaysia).

    tolan ya mengumahku, ana wedang kendel....
    http://b1b2kombonganandes.blogspot.com/

    ReplyDelete
  10. aja galak2 kang. mbok pada wedi

    tapi bener luh, siki akeh wong ndesa sing nembe ngrasakna urip nang kota terus kelalen malah kadang sok2 gumun ndeleng kehidupan nang ndesa.

    jakober
    http://jakober.wordpress.com>jakober

    ReplyDelete
  11. Salam 1 ngapak lur...add me ampas.nk5th@gmail.com tok fb ya...bocah ngapak nusakambangan selkomsel ae ya lur...

    ReplyDelete